Langsung ke konten utama

Uyon-Uyon lan Gamelan





A.    Uyon – Uyon
Uyon uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa.

B.    Kasusastran kang Tinemu ing Gendhing
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan
4. Gamelan yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen – uen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing / pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung
12. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara / pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan / lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating penabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
17. Blimbingan inggih punika wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron, lan peking sing tengahe nanggo lingiran (penampang trapesium).
18. Niyaga inggih punika paraga kang ngayahi nabuh gangsa.
19. Paniti inggih punika paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
20. Karawitan inggih punika gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelaran mandhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane (ringgit, kethoprak, ludrug, lsp).
21.Waranggana inggih punika wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembangan/sindhenan.
22. Saprangkat inggih punika gangsa jangkep, laras Slendro lan Pelog.
23.Cokekan inggih punika pagelaran karawitan kang ricikanipun Gender, Slenthem, Kendhang Batangan, Siter, Gong kemodhong.
24. Sapangkon inggih punika namung laras Slendro utawi Pelog kemawon.
25. Alusan inggih punika Gender, Gambang, Rebab, Siter, Suling.
26. Balungan inggih punika Demung, Saron, Peking.


A.  Gamelan
Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kangrericikane akeh banget (saron, bonang, gender lsp). Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup Perunggu utawa gangsa (campuran tembang lan timahsari), Kuningan saha Barut (wesi lan plat). Gamelan iku salah sijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebageyan Jawa Wetan.
Saprangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika Gamelan Slendro lan Gamelan Pelog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras slendro nduwe 5 nada, inggih punika 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog iku nduwe 7 nada inggih punika 1 2 3 4 5 6 7. Nadyan mangkono, gamelan pentatonic kuwi dhasare ana 5 nada (penta = 5, tone = nada).
Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistemnada/ tonalsystem. Laras slendro ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure lan interval saka gamelan slendro, semono uga laras pelog. Titi laras inggih punika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete. Dene pathete (Pt.) inggih punika ukuran cendhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada. Pathet ing laras slendro iku antane Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog inggih punika, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br.).
Ing ngisor iki andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud , bahan, cara nabuh gamelan:
1.    Wujud Tebokan
Ricikan gamelan kayadene Bedhug, Kendhang, Ketipung, tambur. Cara nabuh dituthuk (bedhug, tambur) dikebuk/ keplak/ tabok (kendhang)
Kendhang:
1.    Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane.

          dhing.jpg
Gb. Kendhang Ageng
2.  Kendhang ketipung utawa biasa disebut ketipung iku kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane.
ket.jpg
Gb. Kendhang ketipung
3. Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik disbanding kendhang ageng lan kendhang ageng.
bat.jpg
                        Gb. Kendhang Ciblon
4. Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik disbanding kendhang ageng ning luwih gedhe sithik disbanding ciblon.

waya.jpg
Gb.  Kendhang Sabet

2.    Wujud Wilahan
Gamelan sing wujude wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Carane nabuh dithuthuk.
1. Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/ slinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane.
gen.jpg
Gb. Gender

2. Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane (saron). Wujud slenthem meh padha karo gender.
slent.jpg

3.  Gambang iku wujude meh padha saron ning luwih gedhe tur dawa lan wilahane digawe saka kayu.
gamb.jpg
Gb. Gambang

4. Demung iku prangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu.
demu.jpg
Gb. Demung

5. Saron barung utawa saron ricik iku prangkat gamelan jinis saron tengah-tengah inggih punika antarane peking lan demung.
ricikk.jpg
Gb. Saron Barung
6. Saron  panerus (Peking) iku jinis saron kang paling cilik.
peki.jpg
Gb. Peking

3.    Wujud Wilahan Pencon
Gamelan sing wujude Wilahan Pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhe dithuthuk.
1. Slentho
slen.jpg
Gb. Slentho
2. Gong Kemodhong
kemo.jpg
Gb. Gong kemodhong

3. Kecer inggih punika perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.
krce.jpg
Gb. Kecer

4.    Wujud Pencon
Gamelan sing wujude Pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dithuthuk, jagur.
1. Bonang panembung kang wujude paling gedhe.
pan.jpg
2. Bonang barung kang wujude luwih cilik saka bonang panembung.
baru.jpg
3. Bonang penerus kang wujude paling cilik dhewe.
bonang-penerus.png
4. Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang.
ketu.jpg

5. Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk.
kenong.jpg
6. Kempul iku biasane digantung kaya umume perangkat gong.
kempul.jpg
7. Gong ageng iku perangkat gamelan kang ditabuh lan kang paling gedhe diameter udakana 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci.
ageng.jpg
Gb. Gong Ageng
8. Gong Suwukan utawa siyem iku perangkat gamelan kang ditabuh lan nduwe ukuran sing paling gedhe sawise gong ageng kanthi diameter 50 nganti 60 cm. 
gongsuwu.jpg
Gb. Gong Suwukan     
5.    Wujud Kawatan
Gamelan sing wujude Kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab di gesek dene Siter lan Clempung di pethik/ cuwik.
1. Rebab iku wujuding perangkat gamelan kang cara nabuhe dikosok (gesek). Rebab iku gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu lan uga kanggo mbukaki gendhing.
reba.jpg
Gb. Rebab
2. Celempung iku piranti gamelan kang cara nabuhe dipetik padha karo siter, cacah senare ana 11 lan 13 pasang.
cel.jpg
Gb. Celempung
3. Siter iku sami kadosdene celempung nanging langkung ageng.
siter.jpg
Gb. Siter
6.    Wujud Pipa
Gamelan sing wujude Pipa inggih punika Suling lan Kemanak. Cara ngungelaken suling di sebul lan cara ngungelaken Kemanak ditabuh.
1. Suling iku kalebu piranti music kang disebul, fungsine kanggo variasi melodi.
suling.jpg
2. Kemanak inggih punika perangkat gamelan kang wujude memper gedhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayam.
kemanak.jpg

TABUHING GAMELAN
tabuhing.jpg

(kapetik saking Kawruh Basa kangge kelas XI SMA/MA/SMK, gambar kapetik saking pinten-pinten sumber)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak

CERITA CEKAK Cerita cekak punika salah setunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerkak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang, kados dene novel. Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos ingkang misuwur. Wujud sanes saking cerkak inggih punika anekdot. Cerita cerkak limrahipun kirang kompleks tinimbang novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun naming kadadosan saking satunggal pragmen /adegan, gadhah setunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Menawi kawujudaken cariyos ingkang langkung wiyar, cariyosipun gadhah suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika Eksposisi (ingkang nglantarken setting, wekdal saha paraga baku), Komplikasi {kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik), Krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi...

Sesorah

KAWRUH SESORAH Sampun kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudyanipun, pramila kedah nggatosaken : 1.       Busana (Ageman) Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipum, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi. Umpananipun wonten ing pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem busana kejawen jangkep. 2.       Subasita (Trapsila, Tata Krami) Trapsila ingkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa sampun ngantos kadamel-kadamel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken. 3.       Swara (Vocal, Basa Populer) Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingk...