KAWRUH SESORAH
Sampun kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka
pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering
kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudyanipun, pramila kedah nggatosaken :
1.
Busana
(Ageman)
Anggenipun ngadi busana kajumbuhna
kaliyan kaperluwanipum, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi.
Umpananipun wonten ing pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem busana
kejawen jangkep.
2.
Subasita
(Trapsila, Tata Krami)
Trapsila ingkang kirang, ugi badhe
ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa
sampun ngantos kadamel-kadamel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng,
manteb, nanging boten kaken.
3.
Swara
(Vocal, Basa Populer)
Kedaling lesan kedah kagladhi,
supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi,
kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang medal kanthi
cetha. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos
kesesa, nanging ugi sampun ngantos mglentreh sanget.
4.
Basa
Tuwin Sastra
Ngudia tambahing seserepan ing babagan basa tuwin
sastra, jalaran menika mujudaken kabetahan bau tumraping pranatacara saha
pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra
ingkang leres. Pamilihan tembung ingkang salajengipun dipunrenco ukara ingkang
trep, luwes, sae, wasana, sekeca kapirangaken. Ringkesipun basa ingkang
komunikatif inggih menika basa ingkang kedah angengeti :
1) Sinten ingkang gineman
2) Sinten ingkang dipunaja gineman
3) Sinten ingkang dipun ginem
4) Swasana nalikanipun gineman
5) Sami mangertosi ingkang dipunginem
Perkawis-perkawis
ingkang kedah dipun gatosaken, inggih punika:
Patrap sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken :
1.
Jumeneng
kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, percaya diri.
2.
Asta
ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut kutarik, naming sampun katingal kaku.
3.
Polatan
katingal sumeh, naming mboten katingal kadamel-damel.
4.
Mriksani
dhumateng para pamirsa nthi trapsila.
5.
Penggalih
dipunsarehaken, supados suwanten mboten kepireng ndredheg.
6.
Wiramaning
wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan.
7.
Suwanten
mboten perlu sora, ingkang cekapan ananging wijang.
8.
Ngagem
basa ingkang alus, ananging mboten perlu basa ingkang muluk-muluk, supados
gampil dipunsuraos dening ingkang midhangetaken.
9.
Pangandikan
mboten perlu muter-muter, ingkang cekak, ananging saged nyakup punapa-punapa
ingkang badhe dipunkajengaken.
Wonten babagan ingkang
kedah dipungatosaken ngengingi bab rantamaning sesorah, antawisipun:
1.
Salam
Pambuka (manut kapitadosan saha swasanipun)
2.
Purwaka
inggih menika ngunjukaken puja-puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun
marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara
3.
Surasaning
basa/isi/wos sesorah, inggih menika underaning bab ingkang dipunwedharaken
4.
Dudutan
(simpulan) inggih menika inti sarining wedharan pangajeng-ajeng inggih menika
bab-bab kang dipunkajengaken dening ingkang nindakaken sesorah dhumateng
ingkang mireng
5.
Wasana
inggih menika atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken
jejibahan.
JINISING SESORAH
Sesorah utawi pidhato, ugi sinebat
medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pemanggih utawi osiking manah
sarana lesan ing sangajenging tiyang kathah.
Jinisipun pidhato utawi sesorah saged
kebentenaken dados warni sekawan.
a.
Sesorah kanthi Cara (Model) Apalan
Sesorah
cara menika saderengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken
tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan cathetan.
b.
Sesorah kanthi Cara (Model) Naskah
utawi Teks
Sesorah
cara naskah utawi teks, menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks
utawi catetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken.
c.
Sesorah kanthi Cara (Model) Dadakan
utawi Impromtu
Sesorah
cara dadakan, menika cara pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe
dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah.
d.
Sesorah kanthi Cara (Model)
Eksemporan
Sesorah
cara menika kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit
minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang bahde dipun ngendikakaken.
NULIS SESORAH
Wedharing
pangandikan, iku bisa digawe dawa lan ringkes. Semono uga ing bab kang
digunakake, bisa nggunakake basa kang prasaja (biyasa) utawa basa kang rinengga
(endah). Kabeh mau gumantung swasane, ana ing upacara apa, sapa kang
midhangetake, lan kapan wektune.
Bakune
wedharing pangandikan kudu urut-runtut (sistematis), cetha pilah-pilahane, lan
isine pangandikan kudu jumbuh karo ayahane. Babaring pangandikan iku bisa
kaperang dadi telung perkara, inggih punika:
1.
Perangan purwaka, ngemot:
a. Uluk salam utawa salam pambuka
b. Pakurmatan marang tamu
c. Puji syukur marang Gusti Kang Maha
Agung
d. Ngaturake ayahan utawa jejibahane
2.
Perangan isi/wigati/inti, ngemot:
(umpamane wakil panitiya, wakil kang kagungan khajat, lsp.)
a. Ngaturake sugeng rawuh lan matur
nuwun rawuhe tamu.
b. Ngaturake ujuding gati/khajate
(khajate apa, kapan kalaksanane, para tamu disuwun apa).
c. Ngaturake agungin panuwun awit
pambiyantune para mudha, masyarakat, lan sumbang sih saking para tamu. Ora bisa
atur piwales mugi Gusti ingkang males.
d. Nyuwunake pangapunten awit sedaya
kekirangan lan kaluputane minangka panitya.
e. Saupama ana pejabat bisa disuwuni
tanggap sabda mula.
3.
Perangan panutup, ngemot:
a. Para tamu kasuwun nerusake anggone
lelenggahan nganti purna (rampung).
b. Nyuwun pangapunten kaluputane
pribadhi.
c. Salam panutup.
Tuladha Sesorah
http://www.sesorah.com/2015/04/contoh-sesorah-bahasa-jawa-pengetan-dinten-proklamasi-17-agustus.html
Pembukaan
Assalamu’alaikum wr. Wb.
Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sedaya aamii.
Para sesepuh pinisepuh ingkang kinabekten;
Bapak kepala dusun ingkang satuhu kinurmatan;
Bapak-bapak kepala rukun warga lan rukun tetangga ingkang kula hurmati;
Sanggyaning warga dusun Bringin ingkang tansah bagya mulya.
Nuwun, sumanga langkung rumiyen tansah sedaya kraos lan rumaos bilih kula sedaya titah limrah ingkang tansah kapurba lan kawisesa dening Pangeran Dzat Ingkang Maha Kuwaos, pramila namung dumateng Panjenenganipun kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur inggih awit kemirahan-Ipun, kula sedaya saget makempal wonten ing papan punika saperlu mengeti dinten ingkang ageng, nun injeh dinten lahiripun bangsa Indonesia.
Isi pidato bahasa jawa panitia peringatan kemerdekaan Indonesia
Ing saklajenganipun, minangkani sedherek panitia peringatan hari kemerdekaan Indonesia 17 agustus 2015 menika keparinga kula matur wonten ngarsa panjenengan sami, ananging sakderengipun kula matur, hambok bilih wonten atur kula samangkih kathah kekirangan saha atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Sanggayaning
brayat agung pedukuhan Bringin, kecamatan Srumbung, kabupaten Magelang ingkang
winantu bagya mulya. Kula sedaya sinaosa mboten nyumerepi piyambak labuh
lebetipun para pahlawan anggenipun sami berjuang ngetohaken jiwa lan raga
kangge mujudtaken kamardhikan negara Indonesia. Ananging saking crita ingkang
kamireng saking pinisepuh utawi saking buku-buku waosan sejarah, saestu sedaya
pengorbanan para pahlawan kagem bangsa Indonesia menika mboten alit lan sedayanipun
saestu tulus ikhlas mboten wonten raos melik menapa kemawon.
Pramila saking menika, mugi kula sedaya saged mendhet satunggaling tuladha saking perjuangan para pahlawan kamardikan Indonesia. Mugi menapa ingkang dados cita-cita saha tujuan para pahlawan sagedto kula panjenengan sami gayuh, nun injeh katentreman lan kebebasan ingkang ateghes bebas kagem nemtoake nasib bangsa Indonesia.
Pramila saking menika, mugi kula sedaya saged mendhet satunggaling tuladha saking perjuangan para pahlawan kamardikan Indonesia. Mugi menapa ingkang dados cita-cita saha tujuan para pahlawan sagedto kula panjenengan sami gayuh, nun injeh katentreman lan kebebasan ingkang ateghes bebas kagem nemtoake nasib bangsa Indonesia.
Sagung para warga ingkang bagya mulya, tugas kita kagem berjoang mboten namung berjuang nglawan penjajah kemawon, lakung-langkung wonten wekdal menika, perjoangan tasih dibetahaken kagem nglawan kebodhoan, kasangsaraning masyarakat, ugi marang kamlaratan. Mila saking menika kanthi pengetan dinten kamardekan Republik Indonesia kaping 70 tahun 2015 monggo sami cancut tali wanda, gumregut temandang karya, sepi ing pamrih, rame ing gawe anggenepin gesang wonten ing masyarakat.
Penutup pidato bahasa jawa pengetan kemerdekaan RI
Mekaten dudutan ingkang saged kula aturaken, mugia kenging kagem panglimbang saha paniting sawetawis muriha kamajenganing nusa lan bangsa. Wonten kasar saha klentuning atur, saestu kula namung tansah nyeyadhong sihing pangaksama.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Komentar
Posting Komentar