Langsung ke konten utama

Pawartos



A.    Pawartos
Pawartos inngih menika pelaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat.
Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H, inggih menika Who (sinten), What (menapa), When (kapan), Where (dimana), Why (kenging menapa), How (kadospundi). Tegesipun inggih menika sinten ingkang tumindak, menapa ingkang dipuntindakaken, wonten pundi papanipun, kenging menapa saged tumindak kados menika, saha kados pundi caranipun.
Ø  Jinis pawartos inggih menika Pawartos Langsung (Straight news), Pawartos Mendalam (depth news), Pawartos Opini (opini news) saha pawartos photo.
Ø   Struktur panyeratan pawartos menika awujud  irah-irahan (head), baris tengah (dateline), teras pawartos (lead) saha wos pawartos (body).
Ø  Prinsip panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawispun fakta saha opini boten dipuncampur saha seimbang. Wosing pawartos menika minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih menika actual, factual, wigati, saha narik kawigaten.
Perangan ingkang nemtokaken bobot biji pawarta inggih menika:
1.      Aktualitas
2.      Sesambetan kaliyan papan kedadosan
3.      Sesambetan kaliyan unsure-unsur ingkang katut ing saklebetipun kedadosan
4.      Sesambetan kaliyan padamelan pamaos/pamiyarsa
5.      Jangkepipun pawarta
Ingkang perlu dipungatosaken nalika mirengaken pawartos utawi informasi inggih menika:
a.       Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken
b.      Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati
c.       Nyathet informasi ingkang leres saha premati
Perkawis ingkang kedah dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih menika:
1.      Panyuruhipun menika sak mesthi nipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha dipunronce kanthi sae
2.      Perkawis utawi bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cetha
3.      Tembung-tembung saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami
4.      Panyaruhipun menika kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi fakta saha bukti-bukti ingkang relevan (nggadahi sesambetan)
Paring panyaruh pawartos menika kedah evaluatif saha objektif. Evaluatif tegesipun paring pambiji, objektif tegesipun pawartos ingkang dipuntampi kanthi sakwontenipun.
Ingkang kedah dipun gatosaken nalika maos pawartos inggih punika:
1.      Pocapan (lafal): nggatosaken vokal, konsonan.
2.      Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara/nada.
3.      Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4.      Pandelenging netra sasaged-saged tajem mawas  prabawa, kanthi pandulu jejeg.
5.      Solah bawa maos kaudiya ingkang santun miwah leres.

TULADHA PAWARTOS
Pesawat Dawah ing Malang
Setunggal pesawat latih tempur TNI AU jenis Super Tucano damelan Brasil nabrak griya warga ing radin LA Sucipto, kitha Malang, dinten Rabu (10/2/2016) sekitar gebug 10.00 WIB.

Miturut informasi, kondisi pesawat kala niki taksih salebet runtuhan griya. Namung kondisi suwiwi ingkang ketingal saking njawi.

Setunggal korban tiyang estri ingkang dereng kasumarepan identitasipun sampun dievakuasi datheng RSSA Malang.
"Diduga pilot uga kopilot taksih wonten lebet pesawat. Niki taksih dievakuasi," tembung salah satunggal panjejibahan, dinten Rabut siang (10/2/2016).
berita-bahasa-jawa-pesawat-jatuh-di-malang-tiga-korban-meninggal
Wonten setunggal griya ingkang ngalami risak parah amerga kedadean menika. Griya punika kasumarepan gadhah Mujianto.

Salah satunggal warga ingkang wonten ing lokasi, Didy Wibowo, ngginemaken, sakmenika kondisi ing kawasan radin LA Sucipto ramai warga ingkang badhe ningali lokasi kedadean kecelakan pesawat latih menika.

"Kayane pesawate alit, dados mboten ketingal saking njawi, uga saweg kemawon kalih ambulans sampun medal bekta korban," tembung Didy dhateng wartawan.

Tigang tiyang dados korban dhawahipun pesawat Super Tucano TT-3108 gadhah TNI AU ing radin Laksda Adi Sucipto, kitha Malang, Jawi wetan, sekitar gebag 10.15 WIB.

Saking Informasi, ketelu korban yaiku pilot, kopilot, uga satiyang warga panggadhah griya ingkang kembrukan puing-puing pesawat.

Ketelu korban kala niki sampun dipunbekta datheng RSUD Dr Saiful Anwar (sanes griya sakit Syahril Anwar kados kanaman saderengipun) kitha Malang.

Setunggal korban warga nduwe asma Erna Wahyuningtyas. piyambakipun yaiku garwanipun Mujianto, mantan RW sapanggen ingkang griyanipun ketiban pesawat kesebat.

Sawentara saking informasi ingkang beredar kala niki, nami pilot uga kopilot masing-masing yaiku Mayor Ivy lan Syaiful.

Nanging, ngantos warta niki dipunmandhapaken dereng enten katerangan resmi saking pihak terkait kaliyan insiden dhawahipun pesawat tempur kesebat.
(kapethik: http://pawartabahasajawa.blogspot.com/2016/02/berita-bahasa-jawa-pesawat-jatuh-di-malang.html)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak

CERITA CEKAK Cerita cekak punika salah setunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerkak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang, kados dene novel. Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos ingkang misuwur. Wujud sanes saking cerkak inggih punika anekdot. Cerita cerkak limrahipun kirang kompleks tinimbang novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun naming kadadosan saking satunggal pragmen /adegan, gadhah setunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Menawi kawujudaken cariyos ingkang langkung wiyar, cariyosipun gadhah suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika Eksposisi (ingkang nglantarken setting, wekdal saha paraga baku), Komplikasi {kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik), Krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi...

Uyon-Uyon lan Gamelan

A.     Uyon – Uyon Uyon uyon  saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa. B.     Kasusastran kang Tinemu ing Gendhing 1. Cakepan  yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang. 2. Cengkok  yaiku lak – luking swara kanggo nglagokake tembang. 3. Gendhing  yaiku swara lelagoning gamelan 4. Gamelan  yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp. 5. Laras  yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur. 6. Titi laras  yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur). 7. Pathet  yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang. 8. Pedhotan  yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik. 9. Sengga...

Sesorah

KAWRUH SESORAH Sampun kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudyanipun, pramila kedah nggatosaken : 1.       Busana (Ageman) Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipum, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi. Umpananipun wonten ing pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem busana kejawen jangkep. 2.       Subasita (Trapsila, Tata Krami) Trapsila ingkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa sampun ngantos kadamel-kadamel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken. 3.       Swara (Vocal, Basa Populer) Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingk...