A. Uyon – Uyon Uyon uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa. B. Kasusastran kang Tinemu ing Gendhing 1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang. 2. Cengkok yaiku lak – luking swara kanggo nglagokake tembang. 3. Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan 4. Gamelan yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp. 5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur. 6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur). 7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang. 8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik. 9. Sengga...