Langsung ke konten utama

Cerkak



CERITA CEKAK
Cerita cekak punika salah setunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerkak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang, kados dene novel.
Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos ingkang misuwur. Wujud sanes saking cerkak inggih punika anekdot. Cerita cerkak limrahipun kirang kompleks tinimbang novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun naming kadadosan saking satunggal pragmen/adegan, gadhah setunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Menawi kawujudaken cariyos ingkang langkung wiyar, cariyosipun gadhah suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika Eksposisi (ingkang nglantarken setting, wekdal saha paraga baku), Komplikasi {kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik), Krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi konflik), Klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak), Wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken).
Cerkak saged gadhah pola ajeg saged ugi boten. Kados dene cariyos-cariyos ingkang langkung panjang, plot saking cerkak ugi gadhah klimaks. Ananging pungkasanipun cariyos saking saperangan cerkak limrahipun mardika saha saged ugi ngandhut piweling. Titikan cerkak beda-beda miturut ingkang ngganggit.
Cerkak gadhah kalih unsure inggih punika:
1.      Unsur Intrinsik
Inggih punika unsure ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kalenet unsur intrinsik:
1)      Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos.
2)      Latar (Setting) inggih punika panggenan, wekdal, swasana  ingkang wonten ing salebetipun cerkak.
3)      Alur (Plot) inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang dados 3 inggih punika:
a.       Alur Maju inggih punika reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
b.      Alur Mundur inggih punika reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lampahipun mundur.
c.       Alur Campuran inggih punika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur.
Alur punika kaperang dados pinten-pinten tataran, inggih punika:
a.       Pangantar inggih punika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
b.      Wiwitaning prekawis inggih punika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos.
c.       Klimaks inggih punika prekawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos.
d.      Antiklimaks inggih punika prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
e.       Resolusi inggih punika prekawis sampun saged karampungan.
4)      Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak punika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih punika:
a.       Pacelathon paraga
b.      Gegambaraning paraga
c.       Gegambaraning blegeripun paraga
Kangge nggambaraken watak wantuning setunggaling paraga, panyerat limrahipun ngginakaken teknik:
a.       Teknik analitik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi langsung dening panyerat.
b.      Teknik dramatik, watak-wantuning paraga kagambaraken kanthi:
1.      Nggambaraken bab badan saha tindak-tandukipun
2.      Nggambaraken lingkungan gesangipun paraga
3.      Basa ingkang kaginakaken paraga
4.      Cara anggénipun mikir saking paraga
5.      Cara wontenipun paraga sanés.
5)      Nilai (amanat)/piwulang luhur inggih punika piweling ingkang badhé kaaturaken déning panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhé kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun maos cariyos déning panyerat.
6)      Cara panyerat nyariyosaken (sudut pandang/poin of view), inggih punika kalenggahipun panyerat rikala nyariyosaken. Kapantha dados kalih, inggih menika :
a.       Minangka tiyang ingkang kapisan, panyerat ndhérék minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken.
b.       Minangka tiyang ketiga, panyerat minangka dhalang ing cariyosipun.
     
7)      Gaya bahasa/lelewaning basa





2.      Unsur Ekstrinsik

Unsur ekstrinsik inggih punika unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawanipun cariyos, ananging gadhah pangribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika. Unsur ekstrinsik punika :
a. Nilai-nilai ing salabetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
      b. Latar belakang gesangipun panganggit
      c. Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel.
Nemtokaken punapa  ingkang saged dipundadosaken titikan anggénipun milah cerkak saking wujud cariyos fiksi sanésipun ingkang langkung panjang taksih dados pirembagan para sastrawan. Salah satunggaling teges saking cerkak inggih punika kedah saged dipunwaos ngantos rampung ing satunggaling wekdal rikalanipun lelenggahan. Teges-teges sanésipun nyebutaken cekak saha panjangipun saged katingal saking cacahipun tembung-tembungipun inggih punika 7.500 tembung. Ananging menawi katingali saking karya kontemporer cerkak punika umumipun karya fiksi ingkang panjangipun boten langkung saking 20.000 tembung saha boten kirang saking 1.000 tembung. Cariyos ingkang cacahipun kirang saking 1.000 tembung kagolong genre fiksi kilat (flash fiction). Cariyos fiksi ingkang nglangkungi wates cacahing tembung, cerkak makaten punika kagolong novelette, novella, utawi novel.

(kapetik saking Kawruh Basa kangge kelas XI SMA/MA/SMK)


NYERAT CERKAK
            Cerkak menika cekakan saking cariyos cekak. Limrahipun cerkak menika namung ngandharaken setunggal perkawis kemawon. Menawi wonten ing bahasa Indonesia cerkak dipun wastani cerpen (cerita pendek). Kanthi kathah anggenipu maos cerkak, kita saged mengertosi titikanipun saha wujudipun cerkak. Caranipun damel cerkak kados mekaten :
1. Angen-angen pengalaman ingkang sampun kalampahan, sampun dipun lampahi utawi pengalaman saking maos buku. Lajeng pados tema ingkang trep kaliyan pemanggihipun piyambak.
2. Damel cengkorongan (kerangka) cerkak.
3.  Mekaraken cengkorongan dados cerkak.
4.  Ingkang perlu dipungatosaken inggih menika :
a.       Kedah wonten perkawis
b.      Wonten permasalahanipun (konflik)
c.       Wonten endingipun (antiklimak)

TULADHA CERKAK


SANDAL ANYAR
(Khoirul Huda)

          Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi  buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane.
 “Mbak tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep nangis.
“Mbak ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas karo adhine.
          Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan wae kurang apa maning tuku sandal.
          Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar.
          Senajan Eka saking keluarga sing ora  mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.
“Ka, kowe kudu dadi  wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Eka.
“Nggih pak,kula ajeng usaha,”
          Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane.
 “Pak, Bu, kula badhe kesah rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka karo salaman marang  wong tuwane.
“Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar.
          Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik.
          Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune pengumuman juara , rak disangka sing oleh  juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum. Bu,pak.”
“Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka.
“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,Ka. Anake Ibuk pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.
           Sore-sore, sawise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
“Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine.
“Sing werna pink mbak”
          Langsung wae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga  wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewe.
“Matur nuwun ya mbak.”
          Atine Eka tambah bungah.


UNSUR INTRINSIK CERKAK “SANDAL ANYAR”
1.     Tema               : Ekonomi
2.    Tokoh              : Eka, Rina, Bapake, Ibune
3.    Watek
*      Eka :
o   Penyayang. Bukti : “Eka sayang banget marang adhine, amerga iku adhine siji-sijine…”
o   Sregeppan lan manutan. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.”
o   Pinter. Bukti : “Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane.”
o   Gelem usaha. Bukti : ““Nggih pak,kula ajeng usaha,”
*      Rina :
o   Nerima. Bukti : “Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima.”
o   Pengerten. Bukti : “Bocah cilik ku we wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.”
*      Bapake :
o   Kerja keras. Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.”
o   Duwe pinginan sing mulya. Bukti : “Senajan Eka saking keluarga sing ora  mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”
*      Ibune :
o   Penyayang. Bukti : ““Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”
4.    Latar
*                Panggonan :
o   Ing pasar. Bukti : “Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar.”
o   Ing omahe Eka. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.”
o   Ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah.”
*            Wektu :
o   Wayah wengi. Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.”
o   Esuk-esuk. Bukti : “Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah.”
*          Kahanan :
o   Rame ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah.
o   Sumringah. Bukti : “Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.”

5.    Alur                 : Maju
6.    Sesawangan      : Wasana Purusa (wong ketelu)

7.
    Amanat            :
o   Senajan kita ora duwe materi utawa harta ingkang katah  nanging deweke kudu duweni ilmu kang bisa nduwurke derajat.
o   Ing panguripan kudu usaha lan pantang menyerah.
o   Dadi wong kudu kerja keras aja ngandalake wong liya.


UNSUR EKSTRINSIK CERKAK “SANDAL ANYAR”

*
      NILAI-NILAI KANG KAMOT ING CERPEN
v  Nilai Pendidikan
Ampun gampang putus asa kanggo  mewujudake cita-cita.
Bukti : “Senajan Eka saking keluarga sing ora  mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”
v  Nilai Budaya
Kita dados putra kedhah Ngormati marang tiyang sepuh
Bukti : “…..,Pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.”
v  Nilai Moral
menawi pengen anggadahi apa kang dipengenake, mula luwih sae usaha kanggo mujudake nganggo jerih payahe kiyambak.
Bukti : “Ing jero atine Eka lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.”
(kapetik saking http://hudasaba.blogspot.co.id/2015/09/cerita-cekak-sandal-anyar-khoirul-huda.html)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Uyon-Uyon lan Gamelan

A.     Uyon – Uyon Uyon uyon  saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa. B.     Kasusastran kang Tinemu ing Gendhing 1. Cakepan  yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang. 2. Cengkok  yaiku lak – luking swara kanggo nglagokake tembang. 3. Gendhing  yaiku swara lelagoning gamelan 4. Gamelan  yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp. 5. Laras  yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur. 6. Titi laras  yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur). 7. Pathet  yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang. 8. Pedhotan  yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik. 9. Sengga...

Sesorah

KAWRUH SESORAH Sampun kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudyanipun, pramila kedah nggatosaken : 1.       Busana (Ageman) Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipum, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi. Umpananipun wonten ing pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem busana kejawen jangkep. 2.       Subasita (Trapsila, Tata Krami) Trapsila ingkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa sampun ngantos kadamel-kadamel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken. 3.       Swara (Vocal, Basa Populer) Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingk...